Ing SMK Global, piwulangan Basa Jawa ora mung ngrembug babagan tata basa lan teori, nanging uga dadi sarana kanggo nglestarekake kabudayan Jawa lan mbangun karakter para siswa. Kanthi cara pasinaon sing nyenengake lan komunikatif, para siswa diajak supaya luwih tresna lan bangga nggunakake Basa Jawa sajrone urip saben dina.

Piwulangan Basa Jawa ing SMK Global dipunampu dening Siwi Purwo Kanti, guru Basa Jawa SMK Global. Ing saben proses pasinaon, panjenenganipun tansah ngupadi supaya siswa bisa melu aktif, wani matur, lan bisa migunakaké Basa Jawa kanthi trep lan santun.
Maneka warna cara pasinaon ditindakake, kayata diskusi, praktik pacelathon, maca teks, nulis aksara Jawa, ngrembug unggah-ungguh basa, nyusun geguritan lan pagelaran budaya. Kanthi cara kasebut, siswa ora mung mangerteni materi, nanging uga bisa ngetrapake Basa Jawa ing kahanan nyata.

Suasana kelas digawe interaktif lan nyenengake, saengga siswa luwih gampang mangerteni materi. Guru uga menehi tuladha panganggone basa ngoko, krama, lan krama inggil miturut unggah-ungguh lan kahanan pacelathon.Liwat piwulangan Basa Jawa, para siswa SMK Global diajak bisa nduweni kawruh basa lan budaya Jawa sing becik, nduweni tata krama, lan bisa njaga warisan budaya leluhur. Kanthi semangat panggulawentah lan tresna marang budaya dhewe, Basa Jawa tetep urip lan ngrembaka ing kalangan generasi enom.
Siwi Purwo Kanti, minangka guru Basa Jawa SMK Global, nduweni pangajab supaya para siswa ora nganggep Basa Jawa minangka piwulangan sing angel, nanging minangka basa lan budaya sing kudu ditresnani, dijaga, lan digunakake kanthi becik minangka bagean saka jati dhiri masyarakat Jawa.



